Aku Ora TK, Langsung SD, Ngene Ceritoku Pas Mlebu SD

Gak koyo jaman saiki, akeh jenjang sekolah sak ngisore SD. Sampek na pelosok deso, pucuke gunung, cah cilik-cilik umur 3 taun yo wes disekolahno. Jare PAUD jenenge. Mari ngono umur 5 taun TK. ono TK A ono TK B. wes mbuh kono jenenge.



Jamanke kae sak kampung ora ono sing  sekolah TK. Opo maneh PAUD. Blas gak ono.


Umur 6-7 taun podo daftar SD langsung. Kadang yo ono sing 8 taun baru daftar soale ora gelem sekolah. Sak karep karepe kono wes. Opo yo? Sekolah jamanku kae koyoke ora pati direken. Pokok iso mangan, weteng warek yo wes. Ora koyok saiki. Sing wajib, sing ngono.


Sing unik kuwi pas mlebu sekolah pertama. Blas ora kenal huruf lan angka. Nek guru SD kelas 1 saiki ngajari bocah jamanku kae, mesti klenger. Iso-iso struk mikirno polahe cah-cah kuwi. La piye cah. Diajari bolak-balik yo jek ra iso. Sampek ono sing SD kelas 1 sampek 2 taun. Ora munggah soale ora iso moco. Nek ra iso moco blaen tenan, ngerjakno soal jelas ora iso. Nek ulangan mestine yo ra bakal iso.


Tak sebutno wae sekolah SD kebangganku. SDN Penambangan 3, Kecamatan Semanding, Kabupaten Tuban.


Guruku kelas 1 SD jenenge Bu Rasipah. 


Sak durunge aku nulis akeh, aku ape  ngucapno maturnuwun na Bu Rasipah. Mergo beliau sing iso gawe aku dadi wong. Iso sampek kuliah. Nyambut gawe. Oleh bojo ayu. Mbek rejeki liyone sing ra iso tak sebutno.


Pelajaran pertama koyok na POM BENSIN: dimulai dari nol. Dadi dikongkon nulis angka nol kuwi sak halaman. Angka nol kuwi bentuke koyok endok, ngono jare guruku. 


Aku eling pas kuwi aku oleh biji 100. Muleh-muleh sueneng, matur emak nek oleh biji 100. 


Sesok-sesoke dilanjutno na gone pelajaran huruf ABC sampek Z terus angka sampek 10 sek. Soale kuwi dasare. Mari ngono yo akeh maneh pelajarane.


Nah, ono maneh cerito sing ngetokno aku kuwi cah ndeso ko pucuk gunung sing guoblok. 


Pas kuwi wes iso nulis to. Ono tugas nulis tulisan koyok na papan tulis.


Aku nulis wae. La bareng ngono kalimat sing na papan kuwi ora podo karo tulisanku na buku. Soale ukuran buku kan luwih ciut timbang papan tulis. Aku sempat bingung. Tapi ra wani takok guru.


Sakjane nek nulis ora cukup, kan pindah na baris ngisore. Aku ora ngono. Tak bablasno nyambung na lembaran buku sebelah kanan.


Muleh, diperikso mbak karo emak. Diguyu kemekelen. Mari ngono yo diajari.


Eh mbuh yo, pancene buta huruf ora TK langsung SD 😂


Terus maneh cah, pas awal mlebu SD lungguhe sak kursi diisi 2 bocah. Biasae bocahe wes milih pasangan dewe-dewe.


Nah, guruku kuwi duwe cara mengajari mengenal lawan jenis. Dadi dilukir-lukir. Lanang kudu lungguh karo cah wedok.


Bareng giliranku dikon pindah, nangis aku caahh. Sumpah, AMBYAAARR rasane. Aku isin nek lungguh karo cah wedok. Soale kebiasaan mulai cilik pas na omah dolanan mek karo cah lanang.


Eeh, tibake kok yo Alhamdulillah guruku ngerteni. Khusus aku oleh jejer karo cah lanang sing tak pilih. Kebetulan tonggoku dewe.


Kuwi ceritoku pas mlebu SD cah. Jane yo ora pati mengesankan tapi kok yo rodok unik. Hehee


Nah saiki tulisen ceritomu pas mlebu SD sing paling berkesan na kolom komentar. Gaweo basa sak senengmu.


Mas Ito
Mas Ito Blogger, agropreneur

Tidak ada komentar untuk "Aku Ora TK, Langsung SD, Ngene Ceritoku Pas Mlebu SD"